Sambutan Tuan Rumah Alhamdulillahirobil'alamin Asollatuwalamu'ala Asrofil ambyai warmusalim Syaidina Muhammadin wangala Alihi Wasohbihi aje'mangin Amaba'du Langkung rumiyin mangga kita sedaya ngraosaken puja lan puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring kinten kinten kanikmatan saenggo ing wekdal sakmenika kula lan panjenengan sedaya saged pepanggihan kanthi wilujeng mboten manggihi alangan setunggal punapa. Shalawat saha salam mugi katur konjuk dhumateng baginda nabi agung Muhammad SAW, ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amin Allahuma Amin. Kepareng kula matur wonten ngarso panjenengan sedaya makili sohibul bait injih menika Sdr/sdri/bpk/ibu (…..) Ingkang kaping sepindah badhe ngaturaken sugeng lenggah lan sugeng pambagya sak cekapipun awit kerawuhan panjenegan sedaya. Kaping kalih mbok bilih anggenipun kawula nyediakake papan palenggahan kirang trapsilo, kirang nuju prana dhumateng panjenen...