Langsung ke konten utama

Pranata Acara


PRANATA ACARA 
Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW

Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh
Alhamdulillahirabil’alamin
Wabihinastanginu’ala umuridunya wadin
Wa’alaalihi Washabihi ajma’in
Ama ba’du
Hadarotulmuhtaromin, para ‘alim poro ulama, wabilkhusus dhumateng Almukarom K.H (……) saking (……) ingkang kita ajeng-ajeng barokah ilmunipun
Dhumateng para sesepuh aji sepuh ingkang tuhu kinebakten
Para pangemban pangembating praja kasatrianing negari ingkang pantes sinudarsana.
Sagunging poro among tamu kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan.
Langkung rumiyen sumangga kita sareng-sareng ngarosaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun kersa paring kinten-kinten kanikmatan, saenggo kita sedaya saged pepanggihan kanthi bonten wonten alangan setunggal punapa.
Shalawat saha salam mugi katur konjuk dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun benjang wonten ing yaumul khiyamah.
Hadirin wal hadirat rahimakumullah, kepareng kula wonten ngarso panjenengan sedaya dawuhipun panitia supados nderekaken runtuting adicara Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ingkang bade kalampahan ing siang punika. Sakderengipun adicara kalampahan kepareng kula ngaturaken menggah runtuting adicara ing siang puniko:
1.      Adicara ingkang sepindah *Pambuka*
2.      Adicara angka kalih *Waosan Ayat suci al-Quran*
3.      ------------------ tiga *Al-barjanji*
4.      *Sambutan-sambutan*
5.      *Istirahat*
6.      *Mauidhotul Khasanah* diterasaken *Doa*
7.      *Panutup*
Ngengeti wekdal ingkang sampun sakwetawis siang, manga kita wiwiti adicara sepindah inggih meniko pambuka, mangga kita bikak adicara sakminika, kanthi waosan Umul kitab. Liridholillahi wali syafa’atirosulillah Al-Fatihah (……)/kanthi waosan Basmalah sesarengan (Bismillahirrohmanirrohim).
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, inggih menika waosan ayat suci al-Quran, Ingkang badhe dipun waosaken kalih (Ananda/Bapak/Ibu…..). Dhumateng panjenengan wekdal saha papan sakcekapipun kasumanggaaken.
Maturnuwun dhumateng (Ananda/Bapak/Ibu), mugi-mugi kanthi waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an, saged nambahi takwa kita dhumateng Allah SWT.
Adicara ingkang angka tiga inggih menika waosan al-Barjanji, punika badhe dipun waos (……). Dhumateng (……) kasumanggaken
 Maturnuwun …..
Hadirin Wal Hadirot rahimakumulloh, acara saklajengipun sambutan sambutan
1.      Sambutan ingkang sepindah inggih meniko saking ketua panitia, dhumateng (…..) kawulo sumanggaaken. <<Kula aturaken agunging panuwun.
2.      Sambutan ingkang kaping kalih inggih menika saking kepala desa Kaliwatubumi, dhumateng panjenenganipun Bapak (……) wekdal saha papan sakcekapipun kasumanggaaken.
Kito lajengaken adicoro ingkang kaping gangsal inggih meniko istirohat kanti kairing Sholawat Rebana Assakinah, dhumateng Grup Rebana Assakinah sasono woro katur kasumanggaken
Mboten ateges ngirangi raos kamardikan panjenengan awit wekdal sampun sakwetawis siang adicoro istirahat kito cekapi.
Adicoro saklajengipun inggih meniko mauidhotul khasanah ingkang bade kawedar sabdo dening panjenenganipun Bapak Kiyai (…..)  saking (…..), dalah ing mangke kasuwun barokah do’anipun kangge mungkasi adicoro ing siang meniko.
Sakderengipun adicoro pangaosan kalaksanan kula selaku pranata acara mbok menawi anggenipun nderekaken menggah runtuting adicoro esthu kathah atur ingkang kirang trapsilo, kirang nuju prono menggah penggalih panjenengan sedoyo, kulo nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Dhumateng panjenenganipun Bapak kiyai (…..) wekdal saha papan kasumanggaken.
Saking kula cekap sementen Wallahul Muwaffiq ila Aqwamit Tharieq
Wabillahi toufiq walhidayah
Wassalamu’alikum Wr. Wb.



Komentar