Sambutan Tuan Rumah
Alhamdulillahirobil'alamin
Asollatuwalamu'ala Asrofil ambyai warmusalim
Syaidina Muhammadin wangala Alihi Wasohbihi aje'mangin
Amaba'du
Langkung rumiyin mangga kita sedaya ngraosaken puja lan puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring kinten kinten kanikmatan saenggo ing wekdal sakmenika kula lan panjenengan sedaya saged pepanggihan kanthi wilujeng mboten manggihi alangan setunggal punapa.
Shalawat saha salam mugi katur konjuk dhumateng baginda nabi agung Muhammad SAW, ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amin Allahuma Amin.
Kepareng kula matur wonten ngarso panjenengan sedaya makili sohibul bait injih menika
Sdr/sdri/bpk/ibu (…..)
Ingkang kaping sepindah badhe ngaturaken sugeng lenggah lan sugeng pambagya
sak cekapipun awit kerawuhan panjenegan sedaya.
Kaping kalih mbok bilih anggenipun kawula nyediakake papan palenggahan
kirang trapsilo, kirang nuju prana dhumateng panjenengan sedaya, saestu kula
sak keluarga nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Wonten ing pungkasan atur mugi-mugi adicara sakmenika saged kalaksanan
kanthi lancara dhumugi pungkasan, mboten wonten alangan lan saged jagi
silaturahmi kula lan panjenengan sedaya. Mugi-mugi adicara sakmeniko pikanthuk
barokah lan ridhonipun saking Gusti Allah SWT.
Cekap sementen atur kula, mbok bilih anggenipun kula matur kathah
klentaklentunipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Wallahul Muwaffiq ila Aqwamit Tharieq
Wabillahi toufiq walhidayah
Wassalamu’alikum Wr. Wb.

Komentar
Posting Komentar